Rikala semanten wonten raja asmanipun Prabu Baka. Panjenenganipun raja wonten ing Kraton Prambanan saha kagungan putri sulistya ing warni kanthi asma Rara Jonggrang. Awit Prambanan njajah warga negeri Pengging, Pangeran Pati Pengging ingkang asma Bandung Bandawasa dipunutus supados mejahi Prabu Baka. Kacariyos, Bandung Bandawasa sampun kasil mejahi Prabu Baka. Rara Jonggrang sanget anggenipun duka dhumateng Bandung Bandawasa, menapa malih rikala Jonggrang badhe dipun garwa.
Rara Jonggrang ingkang sejatosipun duka amargi Ramanipun sampun dipunpejahi dening Bandung Bandawasa, dalu menika pados cara supados Bandung Bandawasa mboten kasil anggenipun ndamel candhi cacahipun sewu iji. Rara Jonggrang nyuwun pitulungan marang ibu-ibu nuthuki lesung supados jagone sami kluruk.Rikala jago kluruk, jin-jin sami mboten wantun lajeng jin menika nilar padamelanipun amargi nginten menawi sampun enjing. Kamangka dereng rampung anggenipun ndamel candhi.
Candhi ingkang kedahipun jangkep cacah sewu, wekdal menika taksih kirang setunggal. Bandung Bandawasa ingkang rumaos dipunapusi dening Rara Jonggrang, kanthi menika panjenenganipun duka yayah sinipi. Awit saking menika, Bandung Bandawasa lajeng ngesotken Rara Jonggrang dados reca kangge njangkepi candhi cacah sewu.
Sakmenika Bandung Bandawasa saged ngleksanani saratipun ndamel candhi ingkang cacahipun sewu. Nanging, panjenenganipun mboten saged nggarwa Rara Jonggrang, awit Rara Jonggrang sampun dados candhi. Wonten rejaning jaman, candhi Jonggrang sakmenika dipunsebat ugi candhi Prambanan ingkang mapan wonten ing tlatah Prambanan.
Bandung Bandawasa : "Putri Rara Jonggrang kersa ta dados garwa kula, panjenengan bakal kula ayomi."
Rara Jonggrang : "Mokal, menawi panjenengan saged ndamel candhi cacahipun sewu kanthi wekdal sedalu, kula purun dados garwa panjenengan."
Bandung Bandawasa : "Inggih, badhe kula lampahi seratipun panjenengan menika."
Bandung Bandawasa ingkang sekti mandraguna nimbali para jin supados mbiyantu damel candhi. Setunggal baka setunggal candhi dipundamel nganti cepet.Rara Jonggrang ingkang sejatosipun duka amargi Ramanipun sampun dipunpejahi dening Bandung Bandawasa, dalu menika pados cara supados Bandung Bandawasa mboten kasil anggenipun ndamel candhi cacahipun sewu iji. Rara Jonggrang nyuwun pitulungan marang ibu-ibu nuthuki lesung supados jagone sami kluruk.Rikala jago kluruk, jin-jin sami mboten wantun lajeng jin menika nilar padamelanipun amargi nginten menawi sampun enjing. Kamangka dereng rampung anggenipun ndamel candhi.
Candhi ingkang kedahipun jangkep cacah sewu, wekdal menika taksih kirang setunggal. Bandung Bandawasa ingkang rumaos dipunapusi dening Rara Jonggrang, kanthi menika panjenenganipun duka yayah sinipi. Awit saking menika, Bandung Bandawasa lajeng ngesotken Rara Jonggrang dados reca kangge njangkepi candhi cacah sewu.
Sakmenika Bandung Bandawasa saged ngleksanani saratipun ndamel candhi ingkang cacahipun sewu. Nanging, panjenenganipun mboten saged nggarwa Rara Jonggrang, awit Rara Jonggrang sampun dados candhi. Wonten rejaning jaman, candhi Jonggrang sakmenika dipunsebat ugi candhi Prambanan ingkang mapan wonten ing tlatah Prambanan.
👍👍
BalasHapusWaaa good job 👍
BalasHapuspgn kesitu we 😂
BalasHapusmantaps
BalasHapusUwe👍
BalasHapusApik"😊👍👍
BalasHapus👍👍
BalasHapusgood
BalasHapus👍
BalasHapusKpn" kesitu yuk
BalasHapus